LINTANG ORA MUJUR
Oleh Pandjie Lindoeng Poernama
Kuciwo ora legowo...
Bathin nangis saben wengi koyo kepaten...
Ngimpi aku rasane neng awan seng padhang njingglang...
Methuk karep dadi satrio gagah munggah penganten...
Pisan maneh roso ne koyo ketiban ndaru...
Nanging dadi ambyar bubare wong turu...
Susah njur kepradah ...
Sliramu lan tresnamu nggarai congkrah...
Ora melas mandheng aku ndeprok njugruk ora polah...
Arep sambat nangeng ora muleh wektu seng keliwat...
Janji kang kemucap seko slira mu seng nduwe ilat....
Banjur tandhang kabeh ora keruwat...
Ora dadi wujud tekane kiamat...
Ilat kang ucap tresno dadi montro seng ora bakal khianat...
Gusti....
Sak jeroning segoro tresno bakal dadi rupo ku anepati...
Sak duwure gunung kabeh nglungani ora dadi...
Pedhot karep seneng sak ujunge ndunyo...
Saiki mung nasib ketulo tulo amergo roso...
Nandang loro bronto amergo tresno...