CIDRO
Oleh Sri Harmini
Wengiku sepi...
Tanpo lintang lan Rembulan...
Sliramu sing sun tunggu katut howoning Angin sing adem
Ngilang,lungo Tanpo pamit..
Ninggal prasetyaning janji sing amung manis ning pucuk e lathi
Tresno....jebul kabeh mung upakaraning atimu sing durjono
Sing tego nggawe tatu ning atiku dadi sangsoyo jeru..
Ajur Tanpo iso ngroso meneh opo sing kudu diroso
Tak tangisi lungamu kanti tetes eluh sing raiso kebendung..
Gelo mergo janji sing diblenjani
Neng ndi lakumu,neng endi papanmu...
Sak jeroning ati mung tansah nggolek i senadyan ngerti tresnamu Ora bakal bali