AMBAKUL DHUWIT
Oleh Acik Palupi
Aja dupeh sugih dhuwit
Banjur kowe medhit
Aja dupeh sugih bandha
Banjur kowe seneng daksia
Dhuwit satus dadi mangatus
Dhuwit sewu dadi mangewu
Iku sing mbok arani nulung
Nulung- nulung jebul malah menthung
Iki aku wong kere
Sing jarene tansah mesakne
Uripku tansah rekasa
Uripku tansah katula-tula
Kae lho ana priyayi
Sing jarene apik ati
Njaluk apa tansah dituruti
Apa maneh dhuwit iku mesthi
Woalahh...
Pancen dhuwit iku enak
Mula ana sing adol
Sing dodol kudu sing sugih dhuwit
Sing dodol kudu sing sugih bandha
Sing dodol kudu sing sugih ati
Sing dodol kudu sing tegel mring wak mami
Aja kaget yen Mbok Bakul daksia
Merga dheweke rumangsa digdaya
Aja kaget yen Mbok Bakul milara
Merga dheweke rumangsa sugih bandha
Eling...eling tansah dieling
Aja nganti putu wayah sira
Ambakul dhuwit
Tulung...tulung tansah tinulung
Aja tansah daksia marang sapadha